Puasa Tutup Kendang

Foto : Ilustrasi

Daning : Yono Daryono

smpantura – ORA idep ora weruh, Wa Yasik teka-teka jah juh jah juh, idu terus. Weruh polahe Wa Yasik, Wa Kamid karo Man Damin sing lagi mrupus nang ngisore wit waru, mandeg mrupuse.

“Rika jah… juh… jah… juh… maksude pamer lagi puasa, Wa?” Wa Kamid ora kuwat ndelengna polahe Wa Yasik kalah menange takon. Wa Yasik mung mlengos karo idu maning. Ora suwe Wa Yasik semingkir lunga. Man Damin karo Wa Kamid ora ngrewes.

Jare Man Damin sing cilik mula Wa Yasik kuwe angger puasa ora tau tutug. Puasa pisan jah juh jah juh alesane wedi ngeleg idu mbokan puasane batal. Pol-pole puasane puasa tutup kendang. Puasane nang ngarep karo nang mburine wulan puasa tok. Nang tengah-tengah ora puasa, gadi kopong kaya kendang. Kaya puasane bocah cilik sing tembe ajar-ajaran.

Saiki tah nang kampunge Man Damin, arang-arang wong ngalakoni puasa tutup kendang, lamon ana paling siji loro. Salah sijine ya Wa Yasik kuwe. “Puasa Romadhon kudu tutug sewulan kejaba wong sing nduwe alangan, wong tua sing lara-larana, wong meteng lan wong wadon sing lagi nusoni bayine, uga wong-wong sing nyambut gawene andeb. Wong-wong kuwe olih mbatalna puasane tapiken kudu ngganti nang dina liya atawa mbayar fidyah atawa denda,” kandane Wa Kamid maring Man Damin.

BACA JUGA :  Hoaks ! Peluncuran Uang Rp 80.000 Tanpa Dasar

“Is… rika jare sapa, Kang?” Man Damin kaget krungu omonge Wa Kamid. Sawise kagete lereb Man Damin ngledek Wa Kamid.

“Rika kaya ustad, Kang.” kandane Man Damin.

“Mumpung saiki wulan puasa, nyong ya repan ngelingna setitik mboran, tapiken dudu maksude minteri, mung ngamalna sabda Nabi Muhamad SAW “ballighu anni walau ayat”, sing artine kabarna maring sapa bae ora ketang mung sak ayat. Maksude ora ketang ngartine mung siji tok ayat Al-Quran atawa hadits Nabi sapa baen bisa nyampekna maring wong liya apa sing nyong kabeh ngarteni.