Abal-Abal

Foto : Ilustrasi AI

Man Damin ora poyang mingser sing poli. Karo ngunjal ambekan, Man Damin semingkir balik. Nang batine Man Damin ngresula, abong-abonge pangsiunan pan brobat bae kangelan. Wong genah surat sing rumah sakit kanggone nganti telung wulan gurung ana rong wulan wis ora kanggo, padune pan ngomong rumah sikit kiye mung nggo wong sugih. Wong mlarat olihe sing abal-abal.

Balik umah, Man Damin SMS maring Turah Untung, “Tung, kartu Askes saiki ora kanggo?” “Ganti kartu, Man,” balesane Turah Untung. “Lah rumah sakit ora kanda”. “Mitra Keluarga, kontrake enteng, Man.” “Toli ngganti kartune maring endi, Tung.” “Maring kantor Askes nang Jalan K.S Tubun oh, Man. Saiki Askes diganti BPJS Kesehatan atawa Badan Penyelenggara Jaminan Sosial Kesehatan.”

Bar SMS-an karo Turah Untung, Man Damin dadi ngarti sing olih jaminan kesehatan saiki gudu mung PNS, pangsiunan, TNI/Polri, Veteran, Perintis Kemerdekaan lan keluargane tok, tapiken warga negara Indonesia sing wis dicacah pan olih kabeh. Awit 1 Januari 2014 BPJS Kesehatan resmi ngganteni Askes sing nylenggarakna Sistem Jaminan Sosial Nasional, sing ngladeni Jaminan Kesehatan kabeh warga negara Indonesia, tapiken egin anter-anteran ora langsung bet. Gadi engkone wong mlarat sing gudu pegawai ya olih BPJS.

BACA JUGA :  Kepemimpinan Perempuan di Brebes, Cermin Kemajuan Pendidikan dan Kesetaraan Gender

Mung bae, bisane ujug-ujug Rumah Sakit Keluarga nolak mriksa maning, wong surat jaminanne megin rong wulan maning. Dadi ngartine Man Damin kartu Askes wis ora kanggo. Jarene, tah engkone kartu Askes pan ganti kartu BPJS kabeh tapiken mipil. “Man, kiye wong-wong kantoran sing gurung pangsiun bae durung pada ngganti kartu, kalem bae,” kandane Turah Untung.