Aja Kosi Kelangan

Enyong mulai crita. “Taun sewu sangang atus pitung puluh telu, enyong lulus saka PGAN 4 Th Ketanggungan. Saiki sekolahane wis pindah lan ganti aran, dadi MTS Negeri. Sauwise kuwe, enyong nerusna lan lulus taun 1976 saka SPG Negeri Kota Tegal. Saiki sekolahane egin tapi neng dadi SMA Negeri 4 Kota Tegal. Bar kuwe, nerusna lan lulus saka IKIP Semarang. Kampuse saiki pindah lan dadi Unnes Semarang. S2 lan S3 nerusna lan lulus saka IKIP Bandung. Saiki dadi Universitas Pendidikan Indonesia (UPI) Bandung. Coba ora pan kelengan priben”.

Jare wong-wong sing krung, “Iya..iya bener”. Tapi jare pak Tohir, ora. “Wah kuwe kan mung kelengan aran tok, bangunane egin ana owh ya”? jawabe enyong, “Iya sih, tapineng tetep bae kelangan. Sebab kelengan kuwe pirang-pirang macem. Sing penting aja kosi kelengan identitas utawa jati diri. Sebab, engkone bisa ndadekena ilang sekabehane”.

Nah sing kasebut mburi, ndadekena wong-wong pada mlongo, terus salah sijine takon. “Contone apa lan kepriben pak”? Enyong akhire nerangna. “Contone, salah siji identitas tegal lan brebes sing paling kentel kuwe bahasane sing medok mrekotok, mantep, lan mangseg nang kupinge sapa bae. Bahasa yen ora tau diomongna, diopeni, lan ditulis bisa ilang. Nang dunya kiye, bahasa sing wis ilang akeh nemen. Nang Indonesia bae kosi ana pat belas bahasa sing wis punah”. Pak Dwi takon, “Nang endi bae pak”?

BACA JUGA :  Risiko Kebiasaan Scrolling Video Pendek di Media Sosial, Ternyata Bisa Memicu Kerusakan Otak

Enyong mulai nyebutna siji-siji. “Nang Papua ana rong bahasa, yakuwe Saponi karo Mapia. Nang Maluku Utara, bahasa ternateno lan ibu ilang. Nah nang Maluku Tengah luwih akeh maning. Bahasa Hoti, hukumina, hulung, serua, te’un, palumata, loun, moksela, naka’ela, lan bahasa nila wis ilang. Ora beda bahasa tegalan uga yen laka sing ngrumat bisa kumat, lan kiamat, alias entek riwayat”. Wong-wong sing ngerongokena mung pada manggut-manggut, soale wis bengi, wis mulai ngantuk, let sadelat bubar pada balik nang umahe dewek-dewek.

error: