Pas dina selasa esuk wingi nang kampus enyong ketemu Pak Burhan. Deweke tak nein uleman. Sauwise nyawang lan maca uleman, Pak Burhan sing asli saka Karanganyar Kabupaten Pekalonga ngomong. “Buku Warung Poci pijar diluncurna lan dibedah ana apa, kayong hebat temen. Yen umah dibedah ta pancen diruwag bubrah, terus digawe anyar, lah yen buku priben ngeluncurnane lan priben mbedahe. Kayong ana-ana bae”?
Jawabe enyong, “Wis sampeyan engko esuk teka bae, dadi weruh dewek, ora jare-jare. Maksud peluncuran lan bedah buku, paling ora nggo nangekena kesadaran wong-wong sing pada teka, utawa maca britane, lan uga ngawetna peradaban utawa jati diri, nganggo cara-cara sing ilmiah, lan kudu bisa dipertanggungjawabna. Angger seumpane, -muga-muga ta aja kosi- ilang, engko bakale getune ora bakal ilang pitung turunan. Kejaba kuwe uga, nggo nyemangati penelitian, umpamane; kenang apa daerah Tegal-Brebes ka bahasane pada bae, utawa pan pada.
Kenang apa nang Brebes ana desa-desa utawa daerah sing nganggo basa sunda. Kenang apa pada-pada nang Kota Tegal bae, antar kelurahan ana bahasa sing beda. Nah kuwe kabeh bisa dilacak sejarahe gemiyen priben. Sing kaya kuwe kudune bagiane Mas Wijanarto lan guru-guru sejarah. Aja pada meneng bae”. Pak Burhan egin takon maning. “Bukune endi? Ben enyong bisa maca disit owh”.
Enyong trus njelasna. “Buku dibagi yen sampeyan wis anjog enggone sesuk dina saptu tanggal lima jam sanga, nang geedung DPRD Kota Tegal. Soal maca buku, engko esuk ndadak gen ora papa. Sebab ana wong sing paham isine buku sauwise macane luwih saka ping siji. Ana sing maca mung sapisan pragat, langsung ngarti. Ana sing paham isi buku cukup maca intisarine, dadi ora kudu maca kabeh. Wong sing luwih pinter, merga pancen pengetahuane luas, maca buku cukup ndeleng daftar isine bisa paham sekabehane. Lah muga-muga, sampeyan lan liyane sing pada nekani bedah buku Warung Poci kye kelebu wong sing cukup maca judule, paham isine, amin”.