Anjog Todan Man Damin labas ngulon kringet gembrojos. Langit megin klawu, manjat flyover Todan Man Damin katon lempoh, olih nggenjot pit ketepolan ora bisa kebat. Liwat gili Muarareja sampeken Jl. Mataram, kiwa tengene isine wong adol sarapa, ana kupat bongkok, ponggol, sega bubur, lengko, alu-alu, ketan lan liyane. Selugune Man Damin kemecer pengin tuku kupat bongkok karo alu-alu, tapiken isin runtunge mergane sing tuku wong wadon kabeh.
Nang Pesurungan Lor perek Jalingkut sing kentang-kentang, Man Damin pangling lapangan bal saiki madan tata, malah wis ana arane “Taman Bung Karno.” Lapangan bal sing maune lagaran bulakan mung ana gawang lor – kidul, saiki mubeng ana iyub-iyubane sing payone duk, sakane glugu nggo jagongan karo nonton bal-balan. Ana wit witan karo kembang kertas mung ora trep karo omongane adong bulakan kuwe taman. Sing nggo getune Man Damin pahlawan bangsa proklamator, Bung Karno mung nggo aran taman sing panggonane ndesep, wis kaya kuwe tulisan Pesurungan lor gari SU NG OR.
KAMUS TEGALAN
diplester = ditutup
duk = ijuk
kemecer = ingin sekali
ketepolan = kewalahan
lagaran = apa adanya
lempoh = lemah
ndesep = sembunyi
sokane = kadangkala