DINA Senin anjog dina Kamis, tanggal 29 Oktober anjog tanggal 1 November 2018 wingi, enyong nekani uleman Temu Karya Sastra saka Dinas Kebudayan Propinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. Nang Hotel De Laxtion, kumpul para sastrawan kecaba saka Ngayogyakarta uga saka Jawa Tengah, Jawa Timur, lan Daerah Khusus Jakarta.
Saka Jawa Tengah ana wong telu, saka Semarang, Magelang, lan Tegal. Kenangapa Jakarta diundang, merga akeh penulis-penulis basa jawa. Beda karo Jawa Barat lan Banten, penulis sing nganggo basa jawa arang-arang. Dadi ora diundang.
Nang sanjerone melu acara, embuh merga kenangapa, WA nang HPne enyong rusak. HP moni klintong-klintong, tandane akeh WA manjing, tapineng enyong ora bisa maca, ora bisa ndeleng monine apa lan saka sapa. Enyong wis nyoba njaluk tulung maring pegawe hotel, laka sing bisa.
Enyong nyoba maring konter HP sing perek hotel, wis diotak-atik suwe, akhire ora bisa uga. Batine enyong, wislah engko bae angger wis balik anjog Tegal.
Dina Kamis esuk, enyong kaya mangkate, numpak sepur Joglokerto saka Yogya, nyambung Kamandaka saka Purwokerto, jam rolas awan wis anjog Tegal. Ujug-ujug ditelpon Pak Purnomo tenes. “Pak Maufur, saiki ana nang endi?” Enyong jawab, “Nang Tegal.” Deweke nerusna takon. “WAne enyong wis diwaca? Iloken wis telung dina mung didelengna tok, laka balesane.”
Enyong ya njawab, “Maaf Pak Pur, enyong sung ora ndelengna. Priben pan ndelengna, yong WA sing pada manjing ora katon babarblas. HPne enyong, WAne tok, patang dina rusak. Anjog saiki. Kyeh nembe pan tak benerna maring konter OPPO Tegal.” Jare Pak Pur, “Owh kaya kuwe, ya wis enyong paham lan maklum.”