Delengna Bae Gen

Serunya Nge-Road-Trip Bareng Keluarga Keliling Jawa Tengah - tiket.com

DINA Senin anjog dina Kamis, tanggal 29 Oktober anjog tanggal 1 November 2018 wingi, enyong nekani uleman Temu Karya Sastra saka Dinas Kebudayan Propinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. Nang Hotel De Laxtion, kumpul para sastrawan kecaba saka Ngayogyakarta uga saka Jawa Tengah, Jawa Timur, lan Daerah Khusus Jakarta.

Saka Jawa Tengah ana wong telu, saka Semarang, Magelang, lan Tegal. Kenangapa Jakarta diundang, merga akeh penulis-penulis basa jawa. Beda karo Jawa Barat lan Banten, penulis sing nganggo basa jawa arang-arang. Dadi ora diundang.

Nang sanjerone melu acara, embuh merga kenangapa, WA nang HPne enyong rusak. HP moni klintong-klintong, tandane akeh WA manjing, tapineng enyong ora bisa maca, ora bisa ndeleng monine apa lan saka sapa. Enyong wis nyoba njaluk tulung maring pegawe hotel, laka sing bisa.

Enyong nyoba maring konter HP sing perek hotel, wis diotak-atik suwe, akhire ora bisa uga. Batine enyong, wislah engko bae angger wis balik anjog Tegal.

Dina Kamis esuk, enyong kaya mangkate, numpak sepur Joglokerto saka Yogya, nyambung Kamandaka saka Purwokerto, jam rolas awan wis anjog Tegal. Ujug-ujug ditelpon Pak Purnomo tenes. “Pak Maufur, saiki ana nang endi?” Enyong jawab, “Nang Tegal.” Deweke nerusna takon. “WAne enyong wis diwaca? Iloken wis telung dina mung didelengna tok, laka balesane.”

Enyong ya njawab, “Maaf Pak Pur, enyong sung ora ndelengna. Priben pan ndelengna, yong WA sing pada manjing ora katon babarblas. HPne enyong, WAne tok, patang dina rusak. Anjog saiki. Kyeh nembe pan tak benerna maring konter OPPO Tegal.” Jare Pak Pur, “Owh kaya kuwe, ya wis enyong paham lan maklum.”

Terus deweke njelasna isi WAne maring enyong, intine wulan ngarep bareng-bareng maring Padang. Njaluk foto KTP nggo tuku karcis kapal mabur. Enyong mung usul, “Aja nganggo Lion Air ndisit ya.” Jawabe Pak Purnomo pendek. “Ya.”
Krungu omongan Pak Pur WA didelengna bae, enyong dadi kemutan karo pak Nadirin Maska. Dina Minggu tanggal wolulikur sadurunge mangkat maring Jogya, enyong nekani pengajian kelompok IPHI taun 2006 Nang umahe almarhum Kaheruddin, Tegalsari Kota Tegal.

Nang pengajian kiye sing rutin nein materi arane Ustad Nadirin Kurdi. Kejaba kuwe sering ditambahi daning ustad Nadirin Maska sebage Ketua IPHI Kota Tegal. Isine macem-macem, ana pengumuman, nein motivasi, ceramah, lan liya-liyane.

Pas nang acara ramah tamah, istirahat mangan, Pak Nadirin crita kedadian sing nembe bae dialami, kaya kiye: “Lah bocah saiki ora nduwe unggah-ungguh. Liwat nang ngarepe wong tua nyruntul bae. Tau ana bocah wadon nganggo katok pokek, cingkrang pisan, numpak motor dewekan. Liwat nang ngarepe enyong mlayune banter, ora klakson ora apa, weesss! Batine enyong, wah bocah wadon kurang ajar. Bar kuwe, enyong dadi kaget. Nembe sedelat, eh kedubrag! Deweke tiba ngglosor sauwise nabrak tumpukan lemah. Enyong weruh kaya kuwe, tak delengna bae”.

BACA JUGA :  Magang Studi Independen Bersertifikat (MSIB) : Bersama Meraih Prestasi

Enyong takon maring pak Nadirin, “Sampeyan ndelengna bae? Maksude bocah wadon sing nganggo katok pokek cekak tiba, dipententelengi? Kaya kuwe maksude?” Jawabe pak Nadirin, “Ora, maksude ora tak tulungi tapi tak delengna bae, ben bae, ora tak urus”. Jarene enyong, “Owh, maksude dienengna tok, ora direwes.” Semaure Pak Nadirin, “Iya kaya kuwe, dudu didelengna, disawang apa maning dipentelengi. Deweke ya kayong nelpon, ndean njaluk tulunge maring pacare. Let sadelat ana bocah lanang loro teka, trus diboncengna lunga bareng, embuh maring endi.”

Dina Saptu esuk jam pitu tanggal telu wulane Oktober, enyong karo Lanang Setiawan, Yusqon, lan Dinhas sarapan bareng di Warung Tuti. Kaya biasane ngobrol-ngobrol. Enyong crita, yen wulan ngarep pan lunga maring Padang kambe Pak Purnomo lan pak Ali Sarjono. Tapi enyong wis pesen maring pak Pur, aja numpak Lion Air ya. Jawabe Pak Pur, “Ya oralah, wedi mboken nyilem nang laut. Padahal dudu kapal silem.”

Krungu crita kaya kuwe, Dinhas ngomong. “Mugane sih enyong ora tau milih Lion Air. Kecaba sering cilaka, uga sering ora pas wektune. Sering mundur lan ora jelas pirang jam. Enyong suka milih sing pas wektune.” Enyong takon, “Sih apa, Garuda?” Jawabe Dinhas, “Garuda ya ora, sebab garuda yang kadang telat, tapi ya ora kebangeten kaya Lion.”

Enyong, Lanang, lan Yusqon meneng. Nunggu Dinhas ngomong pilihane kapal mabur apa. Dienteni suwe, ora ngomong-ngomong. Lanang ora sabar, akhire deweke takon. “Trus sampeyan milih kapal mabur cap apa sing tepat wektu?” Jawabe Dinhas, “Enyong tah suka milih Kali Gung, yen ora ya Kamandaka. Dijamin tepat wektu.”

Lanang langsung ngomong, “Semprul, kuwe ora nyambung.” Jawabe Dinhas, “Ya ben, sambung dewek owh. He…” Enyong gagiyan nengahi wong loro. Sebab yen ora dipisah bisa dawa ramene. Enyong ngomong maring Lanang, “Wis ah yuh, delengna bae gen. Saiki dietung, tambahane mangan apa bae lan pira. Egin ana gawean liyane.” Sauwise bayar, enyong lan kanca-kanca bubar, misah dewek-dewek.

 

Baca Juga

Loading RSS Feed

error: