Dina Saptu esuk jam pitu tanggal telu wulane Oktober, enyong karo Lanang Setiawan, Yusqon, lan Dinhas sarapan bareng di Warung Tuti. Kaya biasane ngobrol-ngobrol. Enyong crita, yen wulan ngarep pan lunga maring Padang kambe Pak Purnomo lan pak Ali Sarjono. Tapi enyong wis pesen maring pak Pur, aja numpak Lion Air ya. Jawabe Pak Pur, “Ya oralah, wedi mboken nyilem nang laut. Padahal dudu kapal silem.”
Krungu crita kaya kuwe, Dinhas ngomong. “Mugane sih enyong ora tau milih Lion Air. Kecaba sering cilaka, uga sering ora pas wektune. Sering mundur lan ora jelas pirang jam. Enyong suka milih sing pas wektune.” Enyong takon, “Sih apa, Garuda?” Jawabe Dinhas, “Garuda ya ora, sebab garuda yang kadang telat, tapi ya ora kebangeten kaya Lion.”
Enyong, Lanang, lan Yusqon meneng. Nunggu Dinhas ngomong pilihane kapal mabur apa. Dienteni suwe, ora ngomong-ngomong. Lanang ora sabar, akhire deweke takon. “Trus sampeyan milih kapal mabur cap apa sing tepat wektu?” Jawabe Dinhas, “Enyong tah suka milih Kali Gung, yen ora ya Kamandaka. Dijamin tepat wektu.”
Lanang langsung ngomong, “Semprul, kuwe ora nyambung.” Jawabe Dinhas, “Ya ben, sambung dewek owh. He…” Enyong gagiyan nengahi wong loro. Sebab yen ora dipisah bisa dawa ramene. Enyong ngomong maring Lanang, “Wis ah yuh, delengna bae gen. Saiki dietung, tambahane mangan apa bae lan pira. Egin ana gawean liyane.” Sauwise bayar, enyong lan kanca-kanca bubar, misah dewek-dewek.