Kaping loro, “ Manjing nang jero nggoleti …., tinimbang nyoblos nomer… suka milih nomer…”.
Kaping telu, “Tuku tahu pletok karo …., paling enak milih nomer….”.
Enyong mung njawab, “Umahe enyong nang Mejasem, dadi ora bisa milih nomer sing kaya nang pantun rika owh wa Catur”.
Bengine enyong ketekan mas Miftahudin alias Kopral karo Agus, mahasiswa Universitas Pancasakti Tegal.
Deweke mein stiker, sing ana gambare wong nutupi raine nganggo tangane dewek. Maksude ben aja gimir diiming-imingi duit.
Terus ana tulisane, “Tolak Politik duit. Meine sacuil,…nyuyade saporete. Dipenjara sepuluh wulan lan denda sepuluh juta perak kanggo sing mein karo sing nerima duit politik. Wong Tegal wis cerdas”.
Enyong kuatire mbokan nutup rai nganggo sepuluh jentik, tapi ana salah siji jentik sing megar, dadi matane egin bisa weruh. Dadine cerdas ta cerdas, tapi cerdas egin gelem nampani duit. Soale ana spanduk sing tulisane, “Dimein duit tampani, nyoblos ta rahasia, ora dosa”.
Egin nang bengi dina kuwe, jam setengah sepuluh, enyong karo mas Atmo Tan Sidik lan mas Reza Pahlevi sing nembe kepilih dadi ketua KPU Brebes ngobrol anjog jam sawelas bengi, nang warung lesehan Micky Mouse, jalan Ahmad Yani Kota Tegal.
Ngobrol ngarol ngidul babakan pilwalkot karo pilbup, ngira-ngira sapa sing kayonge akeh sing milih, sebabe apa, kurang luwihe para pasangan calon nang apane.
Jare mas Atmo, “Omongan kiye kayonge ta ngalor ngidul, tapi kajian akademik loh, ora asal ngomong lan ora ngomong asal”. Semaure mas Reza, “Owh iya, harus dikudu”.
Mas Reza takon maring mas Atmo, “Saiki piben peran para kyai”?
Jawabe mas Atmo, “Nah kiye.. Kyai ya ana sing ndukung terang-terangan karo salah sijine calon, tapi akehe ndukung kabeh calon. Maksude angger calon teka toli njaluk dukungan… ya kyai ndukung”.


