Gubug Liar

Awit wis sepuluh taun keliwat, ngomongna gubug liar kye ora bar-bar. Gemiyen wis tau dibakar kosih ambyar, nongol maning sing anyar sang saya gemebyar. Sing duwe akalan-akalan, satpol PPne kewalahan. Salah sijine anggota DPRD Kota Tegal, eram maring gubug liar, bisane ora bisa diilangna kye sebabe apa sih. Akhire bolak balik dibritakena koran soal saktine gubug liar sing ora bisa dibrantas.

Wektu enyong latihan tenes bareng karo pak Hartarto, kepala satpol PP Kota Tegal, nang balai kota, enyong takon. “Pak, sangertine enyong, awit jaman wis sepuluh taun kliwat, anjog saiki, gubug-gubug liar nang PAI kye kayong ora bisa-bisa dibrantas karo aparat petugas sebabe apa sih”? Deweke njawab, “Nah kuwe pak Maufur, sing nduwe gubug-gubug kuwe para preman sing nekad nemen. Angger ditertibaken, deweke kadang ngomong iya-iya pan nertibaken dewek, kadang kala pada ngelawan”.

Enyong takon maning. “Padahal ana polisine, ana tentarane, apa ya tetep wani pak”. Jawabe, “Iya wani. Ana sing nggawa lading, ana sing nggawa pedang. Wong wadone ya pada melu-melu kendel, gemboran karo nantang petugas”. Enyong egin takon maning. “Padahal PAI kuwe kan tanah sanjero kuasane pemkot owh ya”? Jare pak Hartatrto, “Iya, tapineng ya kaya kuwe”.

BACA JUGA :  Peduli Lingkungan di Ujung Tegalsari

Bar kuwe enyong takon maning alon-alon. “Pak, miturut sampeyan terus kudune priben nertibakene”? Jare deweke, “Kudune PAI pancen diatur maning sakabehane, ora mung gubug liare tok, tapi ya parkire, warunge, dalane, lan liya-liyane, luwih-luwih kuwe gubug liare”.

Bengine enyong sms maring Dinhas. “Kang, miturut sampeyan soal gubug liar nang PAI priben. Soale bolak balik wong-wong pada sambat. Ora beda karo sepur langsir sing nang Slerok”? Eh Dinhas njawabe malah didisiti takon. Jare Dinhas, “Gubug liar? Gubug-gubug sing nang PAI kuwe sing bener ora liar. Yen liar tah ngadeg dewek, toli laka sing nduwe, lan laka sing ngurusi. Nah yen nang PAI ana sing nduwe, ana sing ngurusi, lan ana sing ngopeni.

error: