Gubug Liar

Gadi wong sing nduwe gubug kuwe malah wong peduli karo wong sing ora nduwe gubug. Mung bae gubug-gubug mau aja nggo macem-macem, tapineng nggo semacem bae. Umpamane nggo ngiyub sauwise jalan-jalan nang pantai”. Lah enyong nein weruh Dinhas, sing asline deweke ya wis ngarti. “Nah kuwe soale, gubug kuwe nggo ngiyub wong loronan, lanang wadon, terus nang jero kamar utawa ruangan khusus. Angger kaya kuwe priben”? Jawabe Dinhas, “Lah kuwe malah luwih-luwih ora liar, tapineng diopeni, diatur, dijaga. Aja-aja malah uga njaga wong-wong sing sokan marani mono, tapi nyadong”.

Ora patiya beda karo SMSe Catur Cakra. Miturut kang Catur. “Asline sing duwe gubug-gubug liar kuwe sing penting wis ana niat apik-apik bae, gadi biasa-biasa tok alias ajeg bae. Soale nang kono seringe ana wong sing sokan ngomongi karo liya-liyane. His kowen-kowen kabeh aja ya, enyong bae. Dasar wanyad ka, gadine sing nduwe gubug ya ora wedi maring Satpol PP owh”. Enyong egin takon, “Maksude sampeyan priben kang”? Jawaban Catur mung, “Ya ngarti deweklah, ora usah dijelas-jelasna”.

Enyong pancen tau krungu ana omongan kaya kiye. “Lah wali kota Surabaya ibu Risma bae bisa nertibna kampung Doli ka, iloken nang Tegal sing egin cilik-cilikan ora bisa”? Eh malah ana sing njawab, “Alah kampung Doli gen mung sensasi. Soale asline egin ajeg”. Jare sing crita, “His, sampeyan ngarang apa pancen wis tau mana niliki dewek”? Karo cengar-cengir deweke njawab, “Jarene”.

BACA JUGA :  346 Ronggeng Sing Wajib Disawer

 

error: