Kalah Nang Landratan Bayare Sehahahaha

Daning : Yono Daryono

FOTO : ilustrasi AI

Wong pasar esuk awit ana warawara pemerentahe Tegal kudu mbayar maring investor sampeken 11, 443 milayar rupiah, pada bingung. Duit kuwe mau jarene durung karo dendane.

Pasar Esuk sing magrong-magrong kuwe jebule sampeken saiki egin dipersoalna antarane Pemkot Tegal karo investor PT Sinar Permai. Investor pedamine mbangun pasar telung blok, blok C, B karo A sing mengkone dadi pasar tumpuk. Investor mbangune blok C ndisit, bekase pendopo Kaloran, bar kuwe blok B. Anjoge pan ngarap Blok A, investore ngayang. Pedaminan sing diteken tanggal 5 Maret 1991, pasar esuk digawe tumpuk telu. Investore mblunat, njaluke ditambahi dadi tumpuk enem, sing nang ngisor nggo tempate parkiran.

Pemerentahe pedomane pembangunan karo ndani pasar esuk kuwe maksude nggo pedagang cilik. La…ka pijara pasar ditumpuk sampeken mentit, kuwe tah nggo pasar moderen oh, dudu pasar tradisional. Kayong ora manjing utek. Jare investore, ya manjing utek bae ya, laka investor gelem nanggung rugi. Taun 1995, investor ora gelem ngrampungna pembangunan blok A pasar esuk. Pembangunan pasar esuk, mandeg grek.

BACA JUGA :  Ngresulahe Manuk Gereja Maring Menungsa sing Sungkan Maca

Luwih sing patang taun, pasar esuk blok A mangkrak, rungseb toli kumuh. Wis lokasine nang jalan Ahmad Yani sing kocape jalan protokol, laka edenge-edenge pating jruwag ora karuan. Pemkot Tegal akhire nutup plataran blok A nganggo seng. Pemerentahe nyacak miyul investor endah seg-eseg diragati. Investor tetap ora gelem. Diweden-wedeni kena denda, ya tetep magol.

Taun 1998, Pemkot Tegal teteg mutusna hubungane karo investor pasar esuk. Pasar esuk balik maning diopeni Pemkot Tegal. Sawise balik maning maring Pemkot Tegal, pasar sing mangkrak diragati atik duite APBD alias duite rayat. Dewane setuju blok A pasar esuk diadegna tumpuk loro. Senajan hubungene Pemkot karo investor dipedhot, etung-etungane tetep. Investor wis ngetokna pira, wis adol kios pira, ganti rugi pira, kabeh digunggung.