Menu Tutup

Ngresulahe Manuk Gereja Maring Menungsa sing Sungkan Maca

Daning: Atmo Tan Sidik

Wulan bunder mencorong padang jimbrang
Ngobahna ati brayah pengin paham maca Qur’an

Dibuka dina senen pahing endah wong pada eling, waktune ba’da asar eben ora pada kesasar.

Tetep pada eling ngambah ‘ilmul yaqin,
‘ainal yaqin, haqqul yaqin Sebab ora bakal titen, isen yen rumangsa isin. Pengin tliti,anggon ngaji, ning Ustad Mahbub Junaidi

Rembug maring Mas Haji Abdul Hayyi
Sing didukung para kyai Muslimah sing pengin luwih genah. Bab isim naqiroh ning surat Al-Insyiroh Ora usah isin takon Ustadzah Ufinal Faroh al-Hafidzoh

Sing pengin ngaji bahayane syirik
Ora usah isin ngaji ning Kyai Nursidik
Sing pengin takon afdole amal kuwe apa
Ora usah isin ngaji karo Habib Musthofa
Sing pengin ngetung endah aja dibebodo
Sinaua karo Kaji Prasojo

Sing wingi nangis sesenggukkan
Kaya bocah cilik sing durung ditokokna
klambi badanan Neng makam gurune Habib Thohir Abdullah Al-Kaff
Deweke njaluk ridho endah ora gagap
Nerusna dakwah umat Eben mulya dunya akhirat

Aja nganti wis pan entek umure
Mung setitik amalan wacanan Al-Qur’ane
Mulane, lugune ide TPQ sing kaya kiye
Wis suwe dadi programe
Alhamdulillah, dina kiye kelakone
Mulane, aja dianggap sepele
Apa-apa kuwe serba tipis bedane

Prof. R.M.Ng.Dr. Poerbatjaraka
Tau salah maca candra sengkala
Mukaning paningal retuning bumi
Dicandra 1705 Masehi Sing asli, Mukaning paningal latuning bumi Dicandra 1607 Masehi Semono uga kudu bisa mbedakna
Sami’naa wa atha’naaKaro sami’naa wa ‘ashainaa.

Jare Um Waryono, “Jaman serba reka-reka pancen pan angel ora bisa mbedakna” Signature, Singatur, 234, 23A. Mulane, manuk gereja ngresulah maring menungsa
Sing pada sungkan maca.

Mbedakna antara Qur’an karo koran
Alhamdulillah, saiki pada bareng brayan
Rukun ning Masjid Agung ngaji bebarengan
Karo maca solawat li hifdzil Qur’an

BACA JUGA :  Market Place Bumiayu, Program Terbaru Membantu Pelaku UMKM Lokal

*Puisi Tegalan ini telah dibacakan dalam Pembukaan Majelis Baca Al-Qur’an Dewasa, pada 5 Juni 2023 oleh Atmo Tan Sidik

Contact Us

error: