Mantu

MANTU kuwe istilahe wong Jawa nggo wong sing nduwe hajat pengantenan. Upacara pengantenan adat Jawa kuwe salah sawijine upacara sakral sing duwe rantaman (rancangan) upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan kiye nglambangna sapatemonan antarane penganten wadon karo penganten lanang.

Dina minggu wingine 28 Januari taun 2018, Man Damin mantu olih wong Solo. Dadi Man Damin sekeluarga kudu maring Solo nekani pengantenan anake. Sing arane mantenane wong Solo ebyeg nemen. Maring Solo bae adoh lha kiye kudu riwa-riwi merga acarane ora sisan breg. Ana lamaran, ana ijab kobul toli resepsi sing dinane lete suwe. Antarane ijab kobul karo resepsine lete 16 dina dewek, mergane nganggo etungan toli gedung sing pan dienggoni lagi laris-larise.

Man Damin ora duwe sedulur nang Solo umpamane turu nang hotel ya enteng bebek enteng ayam, wong sing melu ijab kobul karo resepsi sekandang bentang. Untunge bae ana Kang Acto batir SMA Tegal sing duwe umah nang Solo toli umahe gede nemen bisa nggo kempul keluargane Man Damin.

BACA JUGA :  Pelayanan Kebidanan Bagi Ibu Pasca Melahirkan Tidak Dapat Dipandang Sebelah Mata

Lagi ijab kobul 11 Januari, bar ijab kobul ora nana walimahan. sing teka mung sedulur-sedulure dewek karo tangga perek. Segurunge ijab ana upacara srah-srahan wong Tegal monine sarahan. Srah-srahan kuwe pihak lanang nyerahna uba rampe karo biaya sing bakal kanggo ngleksanakaken pesta pengantenan. Contone uba rampe kuwe beras, sayuran, jajan pasar, ali-ali, busana putri, perhiasan, woh-wohan, sayuran, lan liyane sing duwe makna dewek-dewek. Saliyane kuwe sing dipasrahna kuwe duwit nggo calon penganten wadon sing bakale dienggo mbiayai acara pesta penganten.

Walimah kuwe artine kempul karo mangan-mangan. Adong nang Tegal nganggo istilah Walimatul ‘Urs. ‘Urs artine pernikahan. Walimatul ‘urs – atawa biasane darani walimah tok, yakuwe acara kumpul-kumpul alias kendurenan, slametan, resepsi, atawa pesta sing dilakoni nggo tanda syukur ana pernikahan, mbagi berkah, mbagi bebungah karo wong liya. Seliyane kuwe nggo ngumumna maring wong-wong khususe tanggane bab pengantenan kuwe ben ora ndadikna pitnah.

error: