Man Damin karo keluargane anjog Solo dina Sabtu bengi, dina minggu bar subuh wis nang gedung Wisma Batari. Sing arane paes model Solo ora pudat-pudat. Bentinge bae rangkep-rangkep, kuwe nggo wong lanang. Apa maning nggo wong wadon, ana nggawe alis, masang idep palsu, jilbab udeng-udeng.
Mangkane Man Damin kuwe duwe penyakit sing nguyuhan, adong Bi Sijah merga duwe riwayat gagal ginjal ya ana lemes ana mumet pirang-pirang sing dirasakna awake krasa ora enak.
Mung bae merga atine bungah anak lanang nomer siji Wicaksono Wisnu Legowo olih jodo sing disenengi yakuwe Riandini Tri Astuti, penyakite ndadak kalis kabeh mbuh mlayu maring endi. Man Damin nahan nguyuh jam-jaman, pan nguyuh kepriben wong bentinge kenceng anjong ngisore wudel, jarite adong njagong lempitane kudu diunggahna ndisit. Kepaksane ora nginung jam-jaman.
Semono uga Bi Sijah, pringas-pringis awake nggreges kurang turu wektune jejer maten toli salaman karo tamu-tamune mringisi karo nahan lara.“ Kayong beger Kang meseme ora liren-liren “ kandane Wa Kamid lagi salaman.“ Beger apane, belih ngarti wong sing mau beten nguyuh, “semaure Man Damin.“ Tamune akeh ya Kang,” kandane Wa Yasik.“ Iya kiye ponakan sing Tegal pada teka, kakang-adine, tanggane, batir sing Surabaya, Yogya, Klaten, Jakarta pada teka.
Semono uga batir-batir sekolah SMA lan SMP, padahal ulem-uleme liwat WA. Batir pengajian Kalimasada ya ora keri, tua-tua mboran pada kiyeng maring Solo,” semaure Man Damin.
Resepsi mantenan pragat, wong-wong pada kekes-kekes sedulur-dulur dina kuwe labas balik. Man Damin karo Bi Sijah tembe kemutan mangan, wetenge ngelih tapiken laka sing dipangan. Panganan resepsi wis enteng kabeh, pas kaya kuwe Kang Darmanto Marnadi karo bojo lan anake teka, ngarti wis laka sing dipangan dadi maring warung. Bi Sijah dienteni pan dijak mangan ganing Kang Darmanto, ora nungul-nungul, nungul pisan karo prengat-prengut kaya biasane lagune Bi Sijah.