“ Lawas temen sih Jah, “ jare Man Damin,“ Kiye Kang, mata kaya klilipen tak rambang ora mempan, “ semaure Bi Sijah. Man Damin ndeleng matane Bi Sijah, dijembet mbokan ana sing nglilip. “ Klilipen priben, kuwe iden palsune gurung dijukut, “ kandane Man Damin. Bi Sijah ngraba-ngraba matane krasa ana rambut luwih nang idepe, toli tembe mesem kalah isin.
Man Damin poyan maring besane sisan pan balik, toli karo Kang Darmanto Marnadi maring warung sing menune ana balungan sungsum, tengkleng karo sega goreng. Kang Darmanto Marnadi manganne sega goreng. Ora nyana ora ngira, dina kuwe ketemuan pungkasan Man Damin karo Kang Darmanto. Dina Senen awan Man Damin balik, anjog Kendal olih kabar Kang Darmanto dirawat nang RS Muhamadiyah Solo, lagi nyebrang gili ketabrang mongtor, senen bengine seda : Innalillahiwainnailaihirojiun, muga-muga husnul khotimah.