Ngumbah Getih

JAM mlakune kayong nglengged, sing mau ora anjog jam sewelas. Wektu sing dienteni Bi Sijah bojone Man Damin kaya mandeg greg nang jam wolu. Prengasane wis suwe ngaplang-ngaplang nang kolong ngumbah getih (hemodialisa / HD) amben sing ukurane mung pas nggo ngaplang-ngaplang ora bisa polah liyane.

Wis ping lima kiye Bi Sijah kudu ngumbah getih nang Kardinah ngrasakna urip kayong wis ora nana sing diarep-arep, semana uga Man Damin karo bocah-bocahe. Bisane mung pasrah karo Gusti Allah. Mung bae nggo Bi Sijah seliyane pasrah uga kudu tabah merga awak rasane ora karuan, ana mumet, mules, gatel, sesenggukan, sering ndrogdog kayong kabeh rasa lara tumplek-blek, apa maning adong tengah wengi.

“Kang donge nyong penyakite apa bisana rasane ora karu-karuan, “Bi Sijah ngomonge nggrentes. Man Damin temungkul karo ngruwiceh metu banyu matane, cangkeme komat-kamit dzikir, ndonga, maca ayat kursi, Yasin, Al-Mulk. Bocah-bocahe sing nang Jakarta karo Yogyakarta pada balik melu prihatin ngarti manene lara sing ora lumrah.

BACA JUGA :  Ngresulahe Manuk Gereja Maring Menungsa sing Sungkan Maca

“Penyakit kuwe salah siji dlanggunge menungsa ben kenal karo Gusti Allah, sabar Ya Jah kowen lagi diuji ganing Pangeran. Jare Ustad Kusen pahalane wong lara kuwe merga sabare Jah, “ kandane Man Damin suwarane lirih. “Nyong kurang sabar apane Kang, ya Allah…,” Bi Sijah ngrintih.

***
Ora idep-ora weruh Bi Sijah getihe kudu dikumbah. Pancen wis suwe Bi Sijah duwe penyakit gula, seliyane kuwe Bi Sijah uga tau operasi watu ginjal. Prekara sing loro kuwe bisa ndadekna wong ginjale ora fungsi, penyakit kiye basa medise gagal ginjal. Wong sing duwe penyakit kuwe paling bisa ditandangi nganggo cara getihe dikumbah, bisa uga oprasi ganti ginjal tapi akehe pada ngumbah getih nggo ngetokna racun karo runtah asile metabolisme awak.

error: