Ngumbah Getih

Lagi tembe dikandani kudu ngumbah getih, Bi Sijah kayong pet-petan ora trima darani duwe penyakit gagal ginjal. “Donge doktere priben sih Kang, bisane nyong dituduh gagal ginjal? ngawag peta ora wong sehat-sehat ka dikandakna gagal ginjal. Kiye mriange mung lemes, ngreges pengin muntah, gatel-gatel, ambekan sesek dadi turune angel. Gari njaluk obat sing bisa nggo turu bae ka kangelan nemen,” Bi Sijah ngromyah, Man Damin ora semaur. Pan ngomong apa wong Man Damin wis dikandani ganing dokter penyakit jeroan adong bojone kuwe getihe dipriksa nang laboratorium kreatinine duwur nganti pitu, dong sehat tah kurang sing siji.

Kreatinin kuwe limbah sing nang getih toli disaring daning ginjal dadine uyuh, lah kiye ginjale ketumpuk kreatinin toli ora bisa ngguwang racun, kuwe jarene sing diarani gagal ginjal.

Jam sewelas megin adoh, Bi Sijah pan glebagan ora bisa merga tangan karo pupu sejine ana slang sing nggo dalan getih maring mesin nggo ngumbah getih. Rasane kayong disiksa ganing dom sing nyucus maring awake. Pancen lamon lagi nelangsa wektu krasane olih mlaku leled. Sejen adong lagi bungah krasane seklendaban. “Kang ketemu pirang prekara nyong getihe kudu dikumbah?” Bi Sijah takon.

BACA JUGA :  Isu ‘Dosen Killer’ Dengan Kesehatan Mental Mahasiswa

“Getihe kowen wis dipriksa nang laboratorium, asile, kudu dikumbah,” semaure Man Damin. Selugune Man Damin ya kangelan olih nerangna tapiken kuwe sing bisa dikandakna. Meningan Man Damin wis takon maring endi-endi ora bab kreatinin sampeken takon Guswo ponakane sing ahli ronsen nang RSCM Jakarta. Kurang renane ngejak Bi Sijah priksa maring dokter Narto bagjane kudu mbayar larang nggo mastikna apa bener bojone kuwe gagal ginjal. “Dok, lamon nyong ora ngumbah getih kepriben?” Bi Sijah takon maning.

error: