- Daning : Maufur
smpantura – DINA Ahad esuk jam pitu, tanggal 17 September 2017, enyong kaya biasane. Angger laka acara penting utawa maring luar kota, ya olah raga tenes karo kanca batir nang Mejasem. Nang grup kiye ana Pak Fajar Ari Sadewo, Pak Nurbudiyanto, Pak Suswanto, Pak Muslih, Pak Abdurrachman, lan liya-liyane.
Karo nunggu giliran main, enyong, Pak Nur, lan Pak Rachman ngobrol. Pak Rachman takon, “Pak Maufur, geger-geger pan ana pilihan walikota lan bupati Tegal, sampeyan ora ndaftar?” Jawabe enyong, “Ora pak.” Kamben nang batin ya ngomong, wong-wong pada senenge takon nyalon apa ora. Enyong wis sering njawab, ora. Tapi egin bae ana sing takon kaya kuwe.
Pak Rachman takon maning. “Miturut sampeyan kayonge sing dadi sapa pak?” Enyong sadurunge semaur utawa njawab, takon disit. “Sing dimaksud nang endi pak? Kiye kan ana kota ana kabupaten. Awake dewek, umaha nang kabupaten, nyambut gawene nang kota.” Jare Pak Rachman, “Ya wis nang kota sapa nang kabupaten sapa?” Enyong semaure, “Lah calone bae gurung nggenah sapa sing bakale olih rekomendasi saka pusat. Tihale desentralisasi, tapi kanggone nentukan bakal calon dadi calon, sing mutusna pengurus pusat. Sing artine nang partai kuwe egin ajeg kaya gemiyen sadurunge jaman reformasi.”
Wis dijawab, Pak Rachman egin takon maning. “Lah gemiyen ka sampeyan gelem nyalon trus ya dadi wakil. Kuwe priben critane?” Enyong njelasnya, “Gemiyen kae lagi ungsum pak. Ungsum kepala daerah nggandeng wakile wong saka kampus. Kaya tah, gubernur Mardiyanto nggandeng Ali Mufis saka Universitas Diponegoro Semarang, Walikota Semarang Sutarip nggandeng Ali Mahfud saka Unisula, lah Walikota Tegal nggandeng enyong saka Universitas Pancasakti.


