BADA kurang telung dina maning, Man Damin durung nduwe sarung batik Tegal tulen nggo riyaya. Sawise disunat nganti saprene Man Damin angger sholat riyaya ora nganggo sarung batik ora mantep. Bada taun kiye anake sing nang Jakarta njanjeni repan nukukna sarung kawung ning ora sarung sawatan.
Sewulan kepungkur anake SMS maring Muniroh juragan batik Kalinyamat Wetan pesen batik kawung. Mung bae ora tau ditakokna wis dadi apa gurung sampeken badane enggal anjog gurung ana kabare. Toli anake sing nang Jakarta ngablu nganti saprene gurung balik, ora kanda kapan balike. Jarene tah pokoke segurunge kupat badane mateng wis anjog Tegal.
Seoran-oran bada angger laka sarung batik Tegalan batik Pekalongan, pokoke sarung batik. Ora mung kuwe, kupluke atawa pecine njaluke kudu peci cap baya ning ora cap biyawak. Ning dudu cap baya atawa biyawak ora gelem nganggo, bagjane sholate ora kuplukan.
Man Damin selugune egin nyimpen sarung pirang-pirang, ana sarung palekat, sarung byur, sarung ikete Jamal Azaputek jumlahe ora kepetung. Gudu ora seneng sarung palekat atawa sarung iket, Man Damin nggal dinane malahan senenge nanggo sarung iket atawa sarung byur. Mung bae angger bada bisa ora bisa kudu sarung batik.
“ Wong pada bae sarunge ka tengkulah ngenteni sing gurung karuan dadi,” kandane Bi Sijah bojone. “Sarung byur nang lemari egin akeh gurung tau dienggo. Pisan-pisan bada nganggo sarung byur kenang apa sih, Kang?” Bi Sijah mbuka lemari ngetokna sarung byur sing egin ana kotake, toli egin plastikan.
Luwih sing lima sarung anyar sing gurung tau dienggo disrogna nang meja. Man Damin ora acan-acan nglirik. “Nyong wis ngarti Jah, ora usa sarung nang lemari ditokna kabeh. Wong sarung sing ketriwal bae nyong egin kemutan, “ kandane Man Damin. “ Angger kawunge gurung dadi ya tuku nang toko Melati ngarep pasar esuk mbokan ana.”