Bi Sijah, ora semaur mung ngelus dada raine katon mrengut mikirna bojone sing wateke kaku ora bisa diluk. Angger nduwe karep kudu, ora ndeleng swasana. Bula-bula anake sing nang Jakarta wis anjog tah mending bisa rembugan.
Bi Sijah mbatin bocah ka ora balik-balik, apa gurung olih karcis nggo balik. Repan numpak sepur apa bis ora kanda-kanda. Meningan lagi wayahe akeh wong mudik giline sesek sing dadi wong tua melu-melu watir.
***
Hawa kayong semromong, timbangane puasane batal krana dugal karo bojone sing nggremeng bae Man Damin metu luruh hawa. Nang padung ngisor wit waru ngarep umahe Wa Kamid Man Damin ngetehel. Krungu watuke Man Damin, Wa Kamid metu umah nemoni Man Damin.
“ Eh rika Man Damin, dengaren lagi ana prekara apa, puasa-puasa ka prengat-prengut,” kandane Wa Kamid karo njejeri Man Damin. “Badane wis anjog endi, Kang,’ Man Damin ora nyemauri pitokanan Wa Kamid malah takon maring Wa Kamid. “Bada ora usah dienteni engko anjog dewek, Kang,’ semaure Wa Kamid, “ Rika ngenteni bada, sih repan apa.”
” Ya takon bae, toli rika repan riyaya nang endi, Kang, “ Man Damin takon maning maring Wa Kamid.“ Masjid kene bae, rika sih nang Masjid Agung? Biasane rika riyaya nang Masjid Agung, karo pamer sarung batik,” Wa Kamid nyindir Man Damin. “Sarung ka batik, kaya tapihe wong wadon.” “ Rika ka ngartinan, wong sarung batike gurung dadi ka,” semaure Man Damin.
“ Jare nyong tah sing penting bisa sholat riyaya, aja kaya Wa Yasik taun wingi wurung sholat riyaya. Sampeken saprene Wa Yasik nggo omongan tangga-tangga. Wektu kuwe, Wa Yasik ora tau-taune melu takbiran nang Masjid. Jam telu esuk balik slojor turu karo ngenteni wayahe sholat riyaya.