Sholat riyaya wis diwiwiti, Wa Yasik gurung katon. Sampeken khatib manjat podium khotbah Wa Yasik gurung katon. Barang khotbah wisan, Wa Yasik tembeken nongol. Wong-wong pada cekakakan gemuyu, Wa Yasik plonga-plongo. Kalah isin Wa Yasik merek maring nyong, dikirane kaya sholat jemuwahan, nglilir egin khotbah ngliyep maning ngenteni khotbahe pragat. ”
Man Damin kemutan batire sing nang Brebes, Marsis Santoso, pisan-pisan pengin sholat riyaya, mangkate barang khatibe khotbah. Tembeken nggelar sajadah sing sholat pada bubar, Marsis lingak-linguk kaya ketek ditulup. Slamet riyaya 1434 H minal ‘aidin wal faizin, pangapurane sing akeh, ya.