Sepur Mundak

Ilustrasi syarat perjalanan dengan kereta api Artikel ini telah tayang di TribunNewsmaker.com dengan judul Aturan Syarat Perjalanan dengan Kereta Api, Tak Wajib Antigen Atau PCR, Namun Bawa Hal Ini, https://newsmaker.tribunnews.com/2022/03/17/aturan-syarat-perjalanan-dengan-kereta-api-tak-wajib-antigen-atau-pcr-namun-bawa-hal-ini.

ORA beda karo wong-wong kampung liyane, wis seminggu luwih nang kampunge Man Damin pada rasan-rasan bab mongtor mabur sing nyublek nang segara, acara ngunduh mantu sing disiarna langsung nang tipi lan mundake rega-rega mergane bensin mundak.

” Kae bocah maksude apa donge acara mantenan bolak-balik disiarna langsung nang tipi, onggrongan nemen. Prengasane paling pentol dewek apa ya? Stasiun tipi ne ya compong maning, genah nang panggonan liya lagi lelayu kas ana mongtor mabur Air Asia nyublek nang segara, eeh malah nyiarnane acara sing ora mutu,” kandane Wa Kamid pas lagi jagongan nang emperan masjid karo Wa Yasik lan Man Damin.

Wong telu kayong pan saben surup karo nunggu adzan maghrib senenge jagongan nang emperan masjid. Rasan-rasan apa bae sing lagi ungsum dibritakna nang koran-koran atawa sing disiarna nang tipi.
” Wis aja digawe sewot adong rika ora seneng nonton ya ganti channel bae gampang ka,” semaure Wa Yasik.

” Ya ora kaya kuwe, Kang. Channel kuwe kan dekene publik ora bisa sepenake dewek nyiarna, toli wong wis dadi milike publik ya publik gelem ora gelem dadi ngartine,” jarene Man Damin nyemauri omongane Wa Yasik. ” Silibriti kawinan, silibriti babaran, silibriti piknik aring eropah, kuwe tembe secuwil sing dadi acara andalane tv reality. Bisa bae nyong kabeh ora seneng tapiken ora babar blas laka sing seneng. Lah wong selibriti kuwe wis dadi dagangan nomer sijine tipi. Maksude dagangan sing nyata-nyata gampang didol.”

BACA JUGA :  Ngresulahe Manuk Gereja Maring Menungsa sing Sungkan Maca

Man Damin kayong yahyakha olih ngomong, abong-abonge kas maca koran sing ngulas bab silibriti. ” Wis ora usah crita silibriti Kang, bati-batik enek neng weteng. Mikiri rega-rega mundak bae kayong sutris ka, ” semaure Wa Yasik.
” Pancen tah iya Kang, nyong wingi maring Jakarta pas ketemu Kang Dinhas Yuzak nang busway jurusan Jatinegara – Kampung Melayu, ya ngresula rega-rega sing pada mundak.

error: