Sepur Mundak

Ilustrasi syarat perjalanan dengan kereta api Artikel ini telah tayang di TribunNewsmaker.com dengan judul Aturan Syarat Perjalanan dengan Kereta Api, Tak Wajib Antigen Atau PCR, Namun Bawa Hal Ini, https://newsmaker.tribunnews.com/2022/03/17/aturan-syarat-perjalanan-dengan-kereta-api-tak-wajib-antigen-atau-pcr-namun-bawa-hal-ini.

Semana uga regane karcis sepur ekonomi melu-melu mundak. Awit tanggal siji Januari 2015 sepur ekonomi pada mundak. Toli mundake ora mupakat, sampeken ping telune rega segurunge. Wis kaya kuwe saben gerbonge regane sejen-sejen. Gerbong ngarep, tengah lan mburi regane sejen.

Kaya sepur Tegal Arum Tegal-Jakarta PP sing awite mung 25 ewu saiki anjog 75 ewu. Lah gerbong bud-budane 55 ewu. Semono uga sepur ekonomi Matarmaja jurusan Malang – Jakarta PP, maune mung 65 ewu dadi 150 ewu, Tawang Jaya Semarang-Jakarta PP sing maune 45 ewu dadi 95 ewu, Brantas Kediri-Jakarta PP sing maune 55 ewu dadi 135 ewu. Dadi pemrentah ora mung medot subsidine bensin tok, sepur ekonomi sing nggo rayat cilik kaya nyong kabeh bae saiki wis ora olih subsidi.”

Man Damin liren olih nerangna, Wa Yasik karo Wa Kamid ngunjal ambekan karo gedeg-gedeg. Let ora suwe Man Damin ngomong maning. “Kyeh Kang , pemrentah pro rayat apa ituh, pengine tah mbangun gedean sing apik, kaya tol laut, gili sing akeh toli dawa, bahasa menterenge kuwe infrastruktur dibenahi kabeh, mung bae ora nduwe duwit. Ya rayate sing nggo tebok oh, dadi subsidine diilangna. Jarene tah engko duwit batine sepur kuwe pan nggo ngragati stasiun, sepure diapiki lan liya-liyane eben numpak sepur luwih anyem toli ora telatan.

BACA JUGA :  Meningkatkan Pembelajaran Yang Efektif Melalui Seni Musik, Mengganti Lirik Lagu di Sekolah

Tapiken mbuh priben-priben tetep wong kaya awake dewek seringne diina-ina. Ora diina kepriben numpak sepur ekonomi abon-abongne sepur paling murah, parkire kangelan diparani. Nang stasiun Tegal bae adong esuk pan numpak sepur Matarmaja atawa Tegal Arum kudu mlompati sepur eksekutif Tegal Bahari sing mandeke paling kulon, salagine sepur ekonomi mandeke nang mbang wetan.

error: