Priben ora mlompat wong sepur eksekutif mandek nang rel siji nutupi sepur ekonomi sing nang rel telu. Ya sing numpak sepur ekonomi kudu prembetan lawange sepur eksekutif. Mudune sing lawang sepur eksekutif anjlog, dengkul pating cengkring.
Stasiun Tegal paling keci olih mbenahi, donge priben carane eben sing pan numpak sepur ekonomi ora prembetan dong pan marani sepure. Gawe trowongan apa gawe brug nduwure sepur gadi wong sing pan nyebrang ora deg-degan mbokan sepure sing diprembeti mlaku mangkat, toli ora usah anjlog. Blaine maning mbokan ana sepur argo sing labas ora mandek.”
Bedug maghrib moni wong telu gagiyan wudhu.