“Brisik, tuku trompet! Duwite Mardiyah. Sing bener bae. Kur takon thok repan ana apa kaaa… Eee dadi bengi kiye malem Taun Baru?” “ Priben sih, rika kegugu?” Semaure sing adol trompet. “ Kegugu tah ora, eram ya ora, mung bae bisane pada jor-joran. Ganti taun bisane disubya-subya. Donge pada priatin toli ndonga karo sing Nggawe Urip oh wong umure tambah, toli jagade ya wis tambah tua lata.” Kandane Man Damin.
“ Kuwe tah enyong ngarti oh, Man.” Jarene sing adol trompet. “Daning ka ngarti, bisane malah pada bebungah-bedhigasan. Jagade wis tua kuwe perek karo kiamat.” Man Damin olih ngomong kathon ngodor. “ Sampeyan ka kanda kiamat, Man. Kiye bab urip dudu kiamat. Kanda kiamat terus tah bisa dadi wong kecingan oh.” Semaure sing adol trompet suarae atas kaya tropet.” Ora pere-pere kaya kiye mbuh apa enyong tau ngaji, Man!”
Man Damin ora wani nerusna ngandani, sing adol tropet wis kathon umeb raine mangar-mangar. Meningan awit sore adol tropet sing tuku tembe secuil. Sawise poyan, Man Damin nglius nglungani. Man Damin egin kurang rena, pengin ngarti sing luwih akeh bab Taun Baru bisane malah pada jor-joran trompet, nyuled mercon sretdor sa emohe. Pan takon aring Wa Kemung atawa Wa Kamid, pada bae ora ngarti, Kang Wanyad apa maning, kae tah wong kembu. Lah, tembe dirasani, Man Damin papagan karo Kang Wanyad.
“ Daning balik maning, Man Damin?” Kang Wanyad takon. “ Gili sesek akeh wong pada taun barunan.” Semaure Man Damin karo mlaku ndisiti ngadohi kang Wanyad. “ His engko tuli, Man” Kang Wanyad nyawel ngandeg Man Damin. “Rika miki kanda taun baru, maksude apa Man Damin?” Kang Wanyad takon maning.