“ Taun Baru kuwe ganti taun, akeh wong adol tropet kertas. Wong ndedel nang gili-gili” Semaure Man Damin sekenane. “ Eee malem badane Landaaa…, Man. Toli bengi kiye lagi pada prebegan, yah?” Jarene Kang Wanyad. “Dudu bada, Kang. Malem Taun Baru kuwe dudu bada! Maksude malem ganti taun”. Semaure Man Damin karo medhengkel.
Omong-omongan karo Kang Wanyad bati wetenge enek. Man Damin nglius muthung. Repan maring Dudung, mbokatan anyamene wis turu. Wis lah nglalu maring Dudung, bae. Jebule Dudung egin melek nang ngarep umahe.
“ Assalamu alaikum…, egin melek Dung. Beneran kyeh” Man Damin nyapa Dudung karo merek njejeri njagong nang padhung.
“ Wa’alaikumsalam… Man Damin, Dengaren bengi-benginan, kas taun barunan kyeh?” Semaure Dudung. “ Lah kuwe sing pan tak takokna enyong.” Kandane Man Damin. Dudung ya eram bisane malem ganti taun kur nggo jor-joran ngguwang duit nabuh mercon pating plenong, poya-poya, bedhigasan ora petha. Ana sing luwih penting timbangane kaya kuwe. Priben nyong kabeh natani sipat mentale mlebu maring taun baru, endah taun kiye luwih tata timbangane taun wingi.