Letkol Untung Ketangkep Nang Asem Tiga

FOTO : ILUSTRASI

Daning : Yono Daryono

smpantura – Hawa semromonge poret, wektu kuwe tanggal 11 Oktober 1965, gili kar sing saiki arane Jalan Nanas mung ana wong siji loro sing liwat.

Wong-wong dukuh Asem Tiga sing akehe pada nggaweni sepatu karo sendal kulit egin pada nyambet gawe nang njero umahe.

Ora kuat semromong sing nyambut gawe pada wuda klambi. Delat maning laut wayahe mangan bedug lan sholat dhuhur. Wong-wong wadon sing wis pragat ngliwet pada maliki pemehan ana uga sing ngentasi.

Ujug-ujug ana wong dwuwak-dwuwak. “Ana wong mblorod ! Ana wong mblorod !”

Wong mblorod jarene wong Asem Tiga kuwe wong sing nyolongi pemehan, atawa nglorodi pemehan.

Sontak warga pada marani maring asale suara.

Nang ngarep umahe Man Darno, akeh wong ngrubungi wong lanang gagah nganggo kupluk ireng, sepatunan, pilis kiwane ana getihe.

Jare Kang Sakyad awite wong kuwe njaluk nginung toli maksa mlebu umahe.

BACA JUGA :  VIRAL KAIH: Tingkatkan Kemandirian Murid di SMA Negeri 1 Slawi

Weruh lemari kaca, toli kacanan ndeleng pilise sing tatu getihen.

Kang Sakyad curiga, aja-aja maling, toli wadul tanggane ana wong mblorod.

Dukuh Asem Tiga geger ana wong mblorod. Krungu ribut-ribut, wong sing dituduh maling pemehan umpetan nang gentonge Kang Sakyad.

Selugune wong kuwe pengin meruh tatu sing nang pilise toli mlebu umahe Sakyad alesane njaluk banyu nggo nginung.

Wong kuwe ujug-ujug mlebu kacanan nang lemari kaca ora permisi.

Dikepung wong dukuh Asem, wong kuwe metu sing gentong awake ndredeg mengkirig, ngenturit mlayu ngulon anjog sawah sing saiki dadi perumahan BTN Nanas Jalan Siwalan.

Nang kono wis ora bisa ngindari warga sing wis ngepung.

“Nyong dudu maling, nyong dudu mungsuhe rika, Nyong Untung mungsuhe pemretah,” kandane wong kuwe sing ngakune arane Untung.