Menu Tutup

Tembang Taman Poci

 

JAM lima luwih telung puluh menit sore, Lanang Setiawan SMS maring nyong. Unine, “Pak, nyong pan nganterna VCD lagu-lagu tegalan maring umahe sampeyan. Sampeyan ana ning umah”?. Nyong njawab cindek, “Ana”. Lanang SMS maning, “Nyong mana ya”? Nyong mbales, “Aja”. Lanang takon maning, “Sih”?

Mergane wis adan mahrib, SMS Lanang dak enengna bae. Sauwise mahriban nembe nyong njawab, “Mahrib-mahrib ora ilok”. Maca jawaban kaya kuwe, kayonge lanang eram, terus SMS maning. “Idiiih, ganing doktor kaya wong gemiyen, ana ora ilok ana apa”. Karna Lanang ora paham, nyong njelasna. “Bar mahrib kye lagi pada nderes ngaji, dadi aja ngurus VCD ndisit. Tipi bae sing acarane apik-apik kudu dipateni ka”. Nembe Lanang paham, “Owh”.

Ora let suwe, deweke SMS maning. “Yen kaya kuwe bar isya bae ya”? Nyong njawab, “Los, tapi bare isya kye wis pan subuh loh”. Terus jare Lanang, “Idih..idih.. bisane pan subuh”? Batine nyong, ya ora paham maning. Kae ndean pancen wong ora pahaman. Nyong dadine kudu negesna. “Ya iyalah. Bare mahrib kye isya, nah bare isya kye subuh. Angger masih jam 11 bengi, isya kye durung bar, masih bisa sembahyang isya”. Lanang mesih SMS maning. “Kyeh nyong jujur. Angger SMS karo sampeyan nyong pancen keder. Nyong sing goblok, apa pancen sampeyan sing senenge nggawe bingung wong”. Bar kuwe nyong mung SMS, “Ha..ha…ha”.

Balik sing mesjid solat isya, Lanang dikancani Dhimas Riyanto wis ning arep umah. “Kyeh pak, VCDne. Sampeyan bisa ngerongokena lagu tegalan karo nonton gambare”. Nyong mung nyemauri “Yaul, matur kesuwun”. Bar kuwe Lanang karo Dhimas Riyanto lunga. Karo nyawang gambar lemek VCD, nyong kemutan lagi gawe vidio klipe lagu sing judule taman poci.

BACA JUGA :  Bung Karno Ndesep

Waktu kuwe Lanang sang sutradara nelpon. “Pak, nyong pan gawe vidio klip lagu taman poci ning umahe sampeyan olih”? Nyong njawab, “olih, ceritane pribaen, sing disiapna apa bae”? Terus Lanang nerangna. “Intine keluargane sampeyan nduwe anak wadon pan dilamar, terus sampeyan nyiapna kabeh sing nggo sarahan. Apa bae wis sing ana, karepe”.

Gelis cerita, bocah wadon sing arane Suci Wulandari, sing apen-apene dadi anake nyong wis ning umah, lan kabeh wis tak siapna. Kado pirang-pirang ana isine, cincin kawin emas 24 karat karo wadahe, lan liya-liyane. Let sedalat calon besan teka, sing dadi bapane arane Apang Poltak Angguran. Sing dadi ibune, Fera Utami, lan anak lanange arane Rudi Firmansyah. Nyong karo bojo mapag ning arep lawang. Sauwise rombongan calon besan tak salami, terus mlebu njero umah, lan pada jagongan.

Jare Lanang. “Wis owh apen-apen ngobrol apa mbu apa, supaya katone temanan”. Karna sutradara ngatur kaya kuwe, nyong ngewiwiti. “Mangga teh anget diinung lan dodole dicicipi”. Jare Apang Poltak, “ya kesuwun, nyong lagi lara untu”. Nyong takon, “untu sing ning endi”? Ditakoni kaya kuwe, jawabe Apang, “ya untu sing ning njero cangkem ya”. Nyong ngomong maning, “asline ya, kuwe dudu lara untu. Coba sing senut-senut endine”?. Jawabe Apang, “ya ning gusine”. Jare nyong, “ya kuwe arane lara gusi, dudu lara untu. Calon besan ka mbodoni”. Omongan nyong kaya kuwe ora ndadekna Apang tersinggung, malah ngguyu banter.

Bar meneng sadelat Apang Poltak Angguran ngomong maning. “Pak Maufur, kye nyong nggawa barang saanane saka anak lanang, nggo sarahan, kanggo tanda seneng maring anake sampeyan……”. Durung pragat ngomonge, nyong langsung nyegat. “Hisss, bisane sampeyan ngomong nggawa barang-barang. Sampeyan mau teka mene ora nggawa apa-apa. Kuwe kabeh barange enyong, sampeyan tah mung nyilih”.

BACA JUGA :  Tugu Shuttlecock Saksi Sejarah Kejayaan Industri Di Tegal

Krungu nyong ngomong kaya kuwe, kabeh pada ngguyu. Jare si sutradara, “pak Maufur tah temenan. Padahal kuwe mau nggo apen-apen”. Nyong ya nyemauri maning. “Ngelamare ta iya apen-apen, tapi mbokan ujug-ujug ora sida terus Apang ngomong, pak Maufur, kandeng ana sing ora sreg, lamaran batal, ora sida. Nah kye barang-barang dak gawa balik maning. Terus rombongane Apang nggawa balik temenan barange nyong priben, apa kuwe dudu blahi”. Lanang mesam mesem karo ngomong, “he…he ….iya…iya”.

Bar lamunane entong, nyong nyetel VCD tembang-tembang tegalan. Pancen dirongokena adem ning ati, rasane kayong ora nduwe utang. Padahal…..!!!

Contact Us

error: