ORA tau – taune Bi Sijah bojone Man Damin ujug-ujug ngrasakna ambekane sesek, dong ngomong rengosan megap-megap. Sikile sokan semuten, endase kliyengan. Dicoba prelop liren ora tandang apa-apa tetep bae kliyengan. “Kang, nyong kayane kudu maring Rumah Sakit Kardinah, eben genah lara apa toli eben sisan diobati,” Bi Sijah SMS maring Man Damin.
” Ya wis ora papa, nyong egin nang tukang tambal ban mejasem ban pite njeplok,” SMSe Man Damin maring bojone.
Bi Sijah diter adine maring Kardinah ndaptar nang poli Dewadaru. “Mau lagi mangkat pit-pitan ora kanda apa-apa biasane ujug-ujug kanda kliyengan'” Man Damin mbatin. Balik umah, umahe kuncinan untunge bae Man Damin nggawa kunci serep. Gurung suwe manjing umah, ana SMS sing bojone. “Kang kongkon doktere nyong kudu opname, saiki nyong lagi karo Nining nang paviliun Wijayakusuma 11,” Man Damin kaget, rundag.
” Ish sing bener bae Jah, aja gelem dibodoni rumah sakit, ora idep ora weruh ka kudu opname,” Man Damin mbales SMSe bojone. Bojone ora mbales SMSe Man Damin. Man Damin kedangdapan, ora sranta gagiyan maring Rumah Sakit Kardinah. Anjoge paviliun Wijayakusuma 11, weruh bojone diinpus Man Damin kamitenggengen, mlongo. Let ora suwe Man Damin njagong nang krosi sing ana nang kamar bojone dirawat.
” Kenang apa Jah, sing mau ora papa ka, ” kandane Man Damin. ” Gula karo getihe punjul, Kang. Nyong ya mau ora ngarti pan diopname gadi ora nggawa salin ora apa ,” semaure Bi Sijah. ” Gulane pira, getihe pira?” Man Damin penasaran. ” Gula 405, getihe 208, dreg Kang,” Kandane Bi Sijah Man Damin njenggirat kaget, bisane gulane duwur temen. Angger gula tah pancen bojone nduwe riwayat diabetes, tapiken dreg nganti luwih sing rongatus kayong tembe.
” Lah maune primen Jah, mikir apa sih ?” Man Damin ndedes bojone.
***