Ngetunge Awagan

ORA tau – taune Bi Sijah bojone Man Damin ujug-ujug ngrasakna ambekane sesek, dong ngomong rengosan megap-megap. Sikile sokan semuten, endase kliyengan. Dicoba prelop liren ora tandang apa-apa tetep bae kliyengan. “Kang, nyong kayane kudu maring Rumah Sakit Kardinah, eben genah lara apa toli eben sisan diobati,” Bi Sijah SMS maring Man Damin.
” Ya wis ora papa, nyong egin nang tukang tambal ban mejasem ban pite njeplok,” SMSe Man Damin maring bojone.

Bi Sijah diter adine maring Kardinah ndaptar nang poli Dewadaru. “Mau lagi mangkat pit-pitan ora kanda apa-apa biasane ujug-ujug kanda kliyengan'” Man Damin mbatin. Balik umah, umahe kuncinan untunge bae Man Damin nggawa kunci serep. Gurung suwe manjing umah, ana SMS sing bojone. “Kang kongkon doktere nyong kudu opname, saiki nyong lagi karo Nining nang paviliun Wijayakusuma 11,” Man Damin kaget, rundag.

” Ish sing bener bae Jah, aja gelem dibodoni rumah sakit, ora idep ora weruh ka kudu opname,” Man Damin mbales SMSe bojone. Bojone ora mbales SMSe Man Damin. Man Damin kedangdapan, ora sranta gagiyan maring Rumah Sakit Kardinah. Anjoge paviliun Wijayakusuma 11, weruh bojone diinpus Man Damin kamitenggengen, mlongo. Let ora suwe Man Damin njagong nang krosi sing ana nang kamar bojone dirawat.

” Kenang apa Jah, sing mau ora papa ka, ” kandane Man Damin. ” Gula karo getihe punjul, Kang. Nyong ya mau ora ngarti pan diopname gadi ora nggawa salin ora apa ,” semaure Bi Sijah. ” Gulane pira, getihe pira?” Man Damin penasaran. ” Gula 405, getihe 208, dreg Kang,” Kandane Bi Sijah Man Damin njenggirat kaget, bisane gulane duwur temen. Angger gula tah pancen bojone nduwe riwayat diabetes, tapiken dreg nganti luwih sing rongatus kayong tembe.
” Lah maune primen Jah, mikir apa sih ?” Man Damin ndedes bojone.
***

Bi Sijah angger bayar ledeng atawa listrik maring Kang Lukman tanggane. Esuk-esuk bojone Kang Lukman maring umahe Man Damin ketemune Bi Sijah, Man Damine lagi metu pit-pitan. Jare bojone Kang Lukman, wulan kiye bayare ledeng ora mupakat tagihane nganti 400 ewu. Sing uwis-uwis sewulan paling 40 ewu, mundake akeh temen dadi Kang Lukman ora wani mbayar. Krungu kandane bojone Kang Lukman, Bi Sijah kur ngunjal ambekan, ora suwe endase kliyengan. Wingine ya Bunasir nagih ongkos nduwurna umah dicicilane gurung pur, saiki ledeng sing ujug-ujug mundak atusan ewu.

BACA JUGA :  Pelecehan Seksual Di Dunia Cyber

Bi Sijah wadul maring tanggane, jebule tanggane bayare ledeng ana sing luwih akeh. Bu safawi 700 ewu, Bu Maman 450 ewu, Bu Amin 400 ewu, Bu Rochadi 500 ewu, Bu Maryoto 450 ewu. Dadi nang kampunge Man Damin akeh sing ngresula, ledeng metune crat crit bayare larang.

Krungu kandane Bi Sijah Man Damin telpon Si Hang PDAM, jarene Si Hang pancen ana undak-undakan tarip, mungbae ora kasih samono. Engko jam 12-an ana pegawe PDAM pan aring umah njelasna. Bener apa jerene Si Hang, bar dhuhur ana wong PDAM teka toli kanda ben wulan angger pan priksa meteran ledeng, rajege pada digembok angel motrete angka meterane, dikula nuwun ya laka sing semaur. Dadi tagihane nganggone kira-kira.

Ben wulan Man Damin nganggo banyu ledeng 20 meter kibik, dadi bayare 40 ewu. Welinge pegawe PDAM angger anuk sukaha ditulis dewek nang sabak apa papan putih cilik,bulan kiye tanggal semene meteran ledeng angkane semene, eben pegawe PDAM ngarti angka meterane.

Sawise nuturi Man Damin pegawe PDAM ndeleng meteran ledeng karo nyoba kran dibuka-ditutup mbokan ana sing bocor. Jarene pegawe PDAM laka sing bocor, toli engko angkane pan dicocokna karo catetan sing ana nang kantore. Nggo wulan kiye tagihane ledeng ora usah dibayar ndisit.

Man Damin pan dugal karo pegawe PDAM ora enak, bisane mung ngandani tok.
” Kyeh, Tong kowen angger ngetung aja awagan, loken biasane mung 40 ewu saiki nganti 400 ewu, engko tak kandakna Kang Basir lah uwis,” jarene Man Damin.

” Kang Basir sih sinten pak?” pegawe PDAM takon. ” Waduh, direkture dewek bleh ngarti, Kang Basir kuwe, Bambang Siregar ngarti, ” jarene Man Damin. Krungu semaure Man Damin pegawe PDAM girap-girap tulung-tulungan aja dikandakna maring direkture.

Scroll to top
error: