“Dong Ibune ora cuci darah, engko kue tambah lara. Bisa nganti endi-endi ora mengko ngeteprek. Aja nganti nyiksa awake dewek oh Bu,” jare dokter Narto. Bi Sijah ora bisa ngomong apa-apa maning wis pasrah apa jare doktere.
Jam sewelas teng, Bi Sijah wis kekes-kekes pan balik. Juru rawat sing pan ngronjoti durung anjog. “Nok, kiye wis pragat oh.” Bi Sijah gemboran. Man Damin sing lagi neng jaba krungu suwarane Bi Sijah labas manjing melu kekes-kekes eben cepet balik.
Man Damin karo Bi Sijah balik numpak becak. Weruh sedawa-dawane gili kayong katon lega. Tuli wong-wong raine katon bungah. “Kang, kiye daning dalan kayong sepi sih? Biasane rame ana uwing-uwing?” “Uwing-uwing?” “Iya uwing-uwing rombongan mobil walikotane.”
“Lah sampeyan belih ngarti?” “Sih ana apa?”“Walikotane ditangkep daning KPK (Komisi Pemberantasan Korupsi) oh.” “Ish..! OTT (Operasi Tangkap Tangan)?” “Iya kuwe OTT.”
Man Damin karo Bi Sijah lingak-linguk ndeleng sedawane gili ora weruh balihone walikota karo bakal calon Wakil Walikota Amir Mirza. Jebule jarene tukang becak mau balihone wis pada dironjoti. Bakal pasangan calon Sitha karo Amir Mirza saiki lagi diLANJUTKAN maring KPK merga korupsi. Puas ladas, gawe wirange wong Tegal.