Waktu kuwe Lanang sang sutradara nelpon. “Pak, nyong pan gawe vidio klip lagu taman poci ning umahe sampeyan olih”? Nyong njawab, “olih, ceritane pribaen, sing disiapna apa bae”? Terus Lanang nerangna. “Intine keluargane sampeyan nduwe anak wadon pan dilamar, terus sampeyan nyiapna kabeh sing nggo sarahan. Apa bae wis sing ana, karepe”.
Gelis cerita, bocah wadon sing arane Suci Wulandari, sing apen-apene dadi anake nyong wis ning umah, lan kabeh wis tak siapna. Kado pirang-pirang ana isine, cincin kawin emas 24 karat karo wadahe, lan liya-liyane. Let sedalat calon besan teka, sing dadi bapane arane Apang Poltak Angguran. Sing dadi ibune, Fera Utami, lan anak lanange arane Rudi Firmansyah. Nyong karo bojo mapag ning arep lawang. Sauwise rombongan calon besan tak salami, terus mlebu njero umah, lan pada jagongan.
Jare Lanang. “Wis owh apen-apen ngobrol apa mbu apa, supaya katone temanan”. Karna sutradara ngatur kaya kuwe, nyong ngewiwiti. “Mangga teh anget diinung lan dodole dicicipi”. Jare Apang Poltak, “ya kesuwun, nyong lagi lara untu”. Nyong takon, “untu sing ning endi”? Ditakoni kaya kuwe, jawabe Apang, “ya untu sing ning njero cangkem ya”. Nyong ngomong maning, “asline ya, kuwe dudu lara untu. Coba sing senut-senut endine”?. Jawabe Apang, “ya ning gusine”. Jare nyong, “ya kuwe arane lara gusi, dudu lara untu. Calon besan ka mbodoni”. Omongan nyong kaya kuwe ora ndadekna Apang tersinggung, malah ngguyu banter.
Bar meneng sadelat Apang Poltak Angguran ngomong maning. “Pak Maufur, kye nyong nggawa barang saanane saka anak lanang, nggo sarahan, kanggo tanda seneng maring anake sampeyan……”. Durung pragat ngomonge, nyong langsung nyegat. “Hisss, bisane sampeyan ngomong nggawa barang-barang. Sampeyan mau teka mene ora nggawa apa-apa. Kuwe kabeh barange enyong, sampeyan tah mung nyilih”.