Islamic Center

FOTO : Ilustrasi
  • Daning : Yono Daryono

smpantura – SAWISE sholat maghrib, Man Damin karo Wa Kamid orang labas balik maring umah. Wong loro sanja maring umahe Wa Yasik mergane Wa Yasik dengaren ora melu sholat maghrib nang masjid. Wa Yasik kuwe wong sing paling kiyengan teka maring masjid. Anjog masjid mesti mbebeni, senajan dudu tukang nabuh bedug atawa tukang adzan, Wa Yasik anjog masjid segurunge ana wong adzan.

Man Damin karo Wa Kamid, pengin ngarti kenang apa Wa Yasik ora sholat maghrib nang masjid, muga-mogaha Wa Yasik kewarasan ora nana alangan. Sawise ngucapna salam, sing njerone umahne Wa Yasik ana suara sing nyemauri salame Man Damin karo Wa Kamid. Laka liya suara kuwe suarane Wa Yasik. Wong lorong bombong atine kayong lega. Sing dikuatirna ora kebukti, semaure Wa Yasik nandakna Wa Yasik kuwe waras bregas.

Wong telu njagong nang rusbang, Wa Yasik megin nganggo klambi koko sing biasa nggo sholat.

“Sholat maghrib nang endi, Kang?” Man Damin takon maring Wa Yasik.
“Nang umah Kang, mau kas maring Brebes jawane pengin mangan kupat blengong,” semaure Wa Yasik.
“Lah kae nang jalan Sawo mbang kulon akeh wong adol kupat blengong, pijara adoh-adoh maring Brebes, ” kandane Wa Kamid katon getun.

BACA JUGA :  Dari Pantura ke Algoritma

Wa Kamid dong anuk sering katon kamitegalen. Apa-apa kudu Tegal. Mangan apa bae dong ora nang umah ya kudu warung sing ana nang Tegal. Adong maring luar kota ya mangane kudu nang warung Tegal. Adong anuk sering ngrepoti sing ngajak lunga.

“Pengin kupat blengong sing sate blengonge dawa-dawa, Kang,” semaure Wa Yasik nyemauri pitakone Wa Kamid.
“Nang Brebes wong sing adol kupat blengong kejaba nang alun-alun, ana sing dasaran nang pereke Islamic Center. Panggonane perek sawah anyem ora kemrungsung dadi olih mangan kupate kayong jenjem. Bar Mangan kupat nyong nguja manjing maring kompleke Islamic Canter. Siwise mider-mider nang kompleke Islamic Center, nyong kamitenggengen, nang atine takon, bisane nang Tegal laka Islamic Center yah.” Wa Yasik critane mandeg.