Adus Nang Sumur Sewu Wulan

Daning: Atmo Tan Sidik

Wulan mencorong ceta Sanduwure segara Muarareja, Manuk kuntul swiwine njepapang, Lamon disawang, kaya ana tulisanĀ “Allah”.

Santri-santri sing pada ngaji ning pucuke sepi, Terus pada sowan maring kyai Nakokaken maknane ikhlas, Nakokaken bedane puasa, karo puisi, Nakokaken bedane penyair karo penyiar, Nakokaken bedane dharmatirta, karo dharma wanita, Nakokaken bedane hadiah, karo hidayah.

Para santri pada telaten nimba ilmu ning sumur penganten. Nimba apa sing durung ketanda, neng sumur Jalatunda.

BACA JUGA :  Bung Karno Ndesep

Sebab deweke pengin pada brayan, Adus ning sumur sewu wulan. Barang dijawab lamon maknane ikhlas, Kuwe ora liya.

Digoletana mangsa tinemua. Tinemua ditakonana mangsa waleha, Diwalehana kowen mangsa ngandela, Sebab ilmu ketemune ana ning laku.

Ngambah ‘ilmul yaqin, ‘ainal yaqin, haqqul yaqin Nang wayah Nuzulul Quran. Aja dipadakna karo nyumule koran, Apike aja kakehen pitakonan.

Yuh, pada adus bae bebarengan, Aja bengkerengan, Ana ning sumur sewu wulan.

Scroll to top
error: