Wurung Inggek Nang PAI

MANG DAMIN wurung inggek nang Pantai Alam Indah (PAI). Wurunge Man Damin dudu krana wedi klelep, kaya bocah bujangan sing lagi bada toli bar kuwe wong tua mati ora bisa inggek kegawa ombak. Malah jarene sejerone taun 2011 ana wong 13 plesiran nang PAI klelep, sing mati 6. Angger krungu kabar kuwe kayong medeni. Paribasane pan kecehan nang PAI bae mrinding. “Ingek tah cerem, oh. Sing cilik mula wis kulina inggek nang PAI.” Kandane Man Damin.

Lagi cilik ben dina minggu Damin, Kemung, Kamid , bocah telunan langganan adus-adusan nang Lembang sing saiki arane PAI. Bagjane mlaku sing Kripikan Pekauman, sangune bodin godog karo gula Jawa. Jaman seprana laka sing adang-adangi kon mbayar apamaning parkiran, kabeh gratis, bledeng liwat bae. Malah sering liwat gili ngarepe PT Menara sing nggawe karo ndandani kapal atawane galangan kapal.

Segara Tegal waktu semono bersih pesisire egin perek sing kampung. Warung “Samudra” sing saiki nggo losmen ya perek citek sing ombak. Toli PAI gemiyen sekelilinge akeh witwitan cemara mentit-mentit. Akeh eyub-eyuban atik kayu nggo jagongan. Jare wong saiki arane gasebo. Angger mangsa ketiga toli penther tetep semriwing ora kaya saiki, semelet toli semromong. Suarene cemara karo suara ombak kayong serem.

Wad…wud…wad…wud…glegerrr…Segara warnane biru, ora butek toli ubur-ubur katon pating sliwer. Wis diniati pan inggek nang segara, dina minggu esuk-esuk mruput Man Damin ngresiki motor pit kriditane sing katon belok. Teyang-teyang Man Damin atik motor pit muter-muter kota, ora suwe anjog PAI. Nang lawang sing pan manjing kalangan PAI, Man Damin diendeg daning wong sing atik klambi seragam pemrentahan. Man Damin kudu tuku karcis. Krana atik motor pit, Man Damin dijaluki bayaran telung ewu perak.

Nang plataran PAI numpake motor pit alon-alon nyawangi Monumen Bahari, witwitan sing godonge pada kuning, nyawang water boom sing njaba. Pan mlebu kudu mbayar maning dadi Man Damin kur nyawang sing rajek wesi. “Pentholan ah pesisire saiki ana slurukan banyune”. Man Damin mbatin.

Wong Man Damin penginne inggek dadi ngalor terus mereki segara. Madhan perek segara , ana pring nlalang nggo waket. Motor pit diendeg ora olih terus kudu dititipna. Pomarongpoma aja wani-wani mrobos, engko gawe perkara. “ Mandeg, Man,” Jare wong sing njaga parkiran. “ Sampeyan angger pan inggek apa kecehan, motor pite ditinggal kene bae.”

BACA JUGA :  Fenomena Tren Makanan Viral di Medsos, Dapat Menarik Minat Masak Masyarakat

“ Lah engko sing njaga sapa?” Kandane Man Damin. “ Ya ana petugase enyong ana keding.” Jawabane tukang parkir. “ Eh ya wis, natur kewusun. “ Man Damin ndalah motor pite karo ngosog toli mlaku ngalor. Tukang parkire nyawel, “ Sampeyan aja lunga ndingin mbayar tuli rong ewu perak nggo ongkos nitipna.” Man Damin clingukan, “ Eh mbayar maning, mau nang lawang mbayar kiye mbayar maning, priben sih. Ora sidah lah.” Man Damin mendhengkel nglius lunga karo nggremeng nuntun motor pite ngadohi parkiran. “Ana-ana bae wis mbayar kon mbayar maning, toli duite mlebu sapa. PAI kuwe tah fasilitas publik, bisane ana portal parkir liya”.

Selugune Man Damin gelem bae mbayar parkiran rong ewu perak, tapiken ndeleng panggonane kayong ora peta . Wis kaya kuwe pesisire isine warung pating jlalat, plowotan anjungan pada ambles, toli anjungane meyeg.
Dhonge parkiran nang PAI itung-itungane karo pemrentahe priben. Pitakonan kuwe kayane ora penting, ana sing luwih penting priben pemrentahe ngatasi wong sing pada nganggur. Lah portal nang PAI kuwe wujud nyata angele luruh gawean. Malah tukang parkire nang kana jarene ana sing awite nelayan, tapiken krana iwake pada ngadohi sampeke anjog Kalimantan, nelayan sing nduwene mung prau cilik pada didoli. Apamaning regane solar ora mupakat toli jatahe ora akeh.

Anane parkiran nang njero PAI pemeretahe kudu mikir pindo. Ping sijine sing pada plesir aring PAI kayong kandeben, ongose dobel-dobel, paribasane mung ndeleng ombak thok bae ka makhamakha tengkulah nang njerone rajeg ana rajeg. Toli panggonan sing nggo parkir karo pedagange durung tatajita egin pating mbesasat.

Ping pindone parkiran mau melu-melu ngurangi wong pada nganggur sing mestine tanggungjawabe pemrentah. Tapiken masalahe engko pada njaluk gawean sing meper-meper kaya kuwe toli kepriben. Nah nang kene kyeh pemrentahe kudu sing teges. Man Damin dadi melu-melu mumet, kepala PAI dudu ka melu-melu mumet. Anger kepalene PAI mumet tah ora papa, wong mumet panggonane nang endas dudu nang sikil.

KAMUS TEGAL
———————

atik = memakai
belok = kotor
ngosog = mengerjakan perintah tapi tidak rela
gili = jalan
inggek = berenang
makhamakha = ada ada saja
mendhengkel = marah yang ditahan
meyeg = miring, condong
pentholan = hebat sekali
penther = terang cuaca dan panas
pomarongpoma = jangan sampai, seandainya
selugune = sebenarnya
saprana = waktu itu
semromong = udara panas yang terlalu

Scroll to top
error: