Bar isya langite padhang, wulane kathon mencorong, lintange pating kerlip. Biasane ben sore nang Tegal langite mendung, toli udan ngrekicek nganti bengi. Man Damin metu sing umah, tembe pan ngancing lawang Kang Wanyad liwat toli nyapa. ” Repan aring endi Man Damin?”
“ Eee Kang Wanyad, kiye pan cukur. Mumpung terang.” Anjog gili gede, dalan rame. Nggoleti becak ora olih-olih, akhire mlaku sedawan-dawan. Nang Kepatihan giline dipepet. Jalan KH Mansyur dialang-alangi rajeg wesi. Ora mongtor ora mobil babar blas ora olih manjing alun-alun. Wong tumplek bleg nang alun-alun kaya dawet. Kabeh gili sing repan aring alun-alun kededel ewong.
“ Ana apa donge, bisane akeh wong pada mlaku-mlaku. Toli sing dodolan trompet njeprah melu sol-solan” Man Damin mbatin. Sing nganggo mobil pada ngalahi mlipir liwat gili cilik, mbokan keblarud bisa sekarang-karang. Yakha maksa liwat gili gede mlakune grakgrek, toli sikile teol metek kopling. Wong sing kidul nganggo mongtor ndedel gili laka pedhote kaya banyu mili.
Man Damin sing niate repan cukur nang Pak Soleh alun-alun, balik maning. Ora ngarti bengi kuwe Malam Tahun Baru, akeh bocah enom-enom pada luruh bengi ngenteni jam 00 teng, pas wayahe ganti taun 2012. Bocah-bocah mau pada bebungah, seneng-seneng pating troet nabuh trompet. Nang ngarepe Bank BRI nonton ben pating plendik kaya uget-uget.
“Wong pada pating mbesasat ora karuan. Akeh bocah cilik kesingsal, nangis mberek-mberek, nggoleti manene” Man Damin mbatin dhewek. Kurang renane takon karo wong sing adol trompet. “ Kang kiye donge pan ana apa?” “ Kiye Malem Taun Baru oh, Man. Sampeyan ora tuku tropet murah ka” Semaure sing adol terompet.