Aja Kosi Kelangan

TANGGAL 12 Agustus 2015 bengi, enyong kumpul karo tetangga-tetangga sa-RT nang Mejasem. Kumpul bareng gotong royong masangi bendera merah putih cilik-cilik, dijejer-jejer dileboni benang ben dadi dawa. Sauwise kuwe dipasang karo bendera merah putih gede, lan bendera umbul-umbul nang gang-gang.

Kamben nyambet gawe, ngobrol ngalor ngidul, anjog crita tetangga kelengan duit. Lagi crita kelengan duit, eh Pak Bambang nyrosol ngomong. “Ah wong kelangan duit tah wis biasa, ora eram. Kyeh enyong gemiyen, anyar-anyar nang Mejasem tau kelengan umah”. Wong-wong sing krungu gadi pada eram. Masa sih ana wong ka kelangan umah. Jare pak Tohir, “Nah kiye arane crita aneh. Priben citane enyong pengen krungu”.

Critane Pak Bambang, “Wektu kuwe, enyong tuku umah nang Perumnas. Bengi-bengi dianter calo nang umah sing tak tuku. Nang kono ketemu karo sing duwe, terus enyong ndelang-ndeleng, dideleng kayong cocok, enyong bayar limang juta disit, kurange limalas juta pan tak bayar seminggu maning, sauwise wong sing duwene pindah”. Pak Bambang meneng sadelat, njukut rokok sa-ler lan korek.

Pak Tohir ora sabar ngedrel, supaya Pak Bambang cepet critane, aja tengkula udud disit. Pak Bambang nerusna, “Esuke, enyong pengen niliki umahe. Eh bolak-balik mlebu gang ora ketemu-ketemu. Maklum wektu kuwe umah egin asli, pada kabeh, durung ana sing diubah, durung diapiki, apa maning diambakena, lan digawe panggung kaya saiki. Enyong pancen wektu mbayari umah ora takon dalan apa, gang pira, lan RT RW-ne. Sing penting cocok, bayar. Akhire enyong marani umahe calone, yongan wektu kuwe gurung ana HP”.

BACA JUGA :  Kesenjangan Pendidikan Di Desa Dengan Kota

Wong-wong sing ngerongokena pada ngguyu. Jare Pak Tohir, “Owh kuwe sing arane kelengan umahe dewek, tapi akhire ketemu? Untung ora digondol maling”.
Sauwise pada meneng, gantian enyong ngomong. “Ah kelengan umah pancen arang-arang, tapineng kuwe egin mending. Enyong malah kelangan sing luwih gede nemen, ya kuwe sekolahan”. Langsung pak Tohir nyaut. “Crita apa maning? Iloken ana wong kelengan sekolah sing gede lan jelas enggone”. Jawabe enyong, “Lah nyatane kaya kuwe”. Pak Dwi sing maune mung bagian ngerongokena melu ngomong. “Ya wis ndeleng kaya apa critane, tak rongokena”.

error: