Gubug Liar

DINA Kemis tanggal rolikur wulan Januari wingi, enyong karo kanca-kanca saka radio siaran swasta niaga maring Pekalongan. Nekani undangane pengurus daerah PRSSNI Jawa tengah. Nang dalan sanjerone mobil, pak Aris saka radio sananta crita. “Pak, enyong wingi mboncengna bojo nang dalan Setia Budi Kota Tegal dijambret wong. Sing njambrete ya numpak motor uga boncengan, trus sing mbonceng narik tas bojone enyong. Pas kuwe bojo gemboran, jambret. Tukang langsung tancep gas maring jalan Ahmad Yani.

Krungu suara bojo gemboran ana jambret karo nuding-nuding wong sing numpak motor nang arepan, enyong karepe ngudag tukang jambrete. Merga kurang siap lan kalah motor, enyong ora bisa nyandak. Tukang jambrete numpak motore banter, trus mbuh ilang. Sauwise ora bisa apa-apa, enyong manteg, trus takon bojo, “Tas sing dijambret mau isine apa bae bu”? Jawabe bojone enyong, “Tas tah egin, ora kejambret pak, soale tak ganduli. Kyeh tase”. Krungu jawaban kaya kuwe, jare pak Aris langsung ngodor. “Lah ngarti ora kejambret tah enyong mau ora ngejar owh”. Krungu crita lucu kaya kuwe, enyong karo pak Mahroni ngguyu bareng.

Balike mampir nan rumah makan Bambu Ijo sing ana nang desa Ujung Gede Kecamatan Ampel Gading. Yen saka Tegal sadurunge Coma. Nang kono mangan karo njagong lesehan. Nembe sadelat njagong, Pipit cerita, yen sebelah rumah makan kye akeh warung sing kadang-kadang nggo tempat wong lanang wadon pada mesum. Enyong takon, “Pada mesum priben maksude”? Jawabe Pipit, “Ya wong lanang wadon boncengan motor utawa dewekan mbuh pada lanange, manjing warung sing nang mburine ana kamare. Gadi, ora mung nyediakena panganan tok”. Kuping ngrongokena critane Pipit nang warung Ampel Gading, uteke nrawang maring Tegal. Gadi kemutan istilahe gubug-gubug liar nang sanjerone Pantai Alam Indah.

error: